Busana Adat Jawa



BUSANA ADAT JAWA

Tata busana iku minangka panging budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi, manunggaling pakarti lair lan batin. Nyandhang nganggo kudu diselarasake supaya bisa pantes. Ing Jawa ana aran Ajining Raga Gumantung Ana Ing Busana. Unen-unen kasebut nuduhake menawa bebrayan Jawa kang  awujud busana dadi lair batinne manungsa yaiku jati dhiri, drajading manungsa, lan ajine  gumantung karo busana kang dienggo.

1. Blangkon

Blangkon utawa udheng kuwi lumrahe kagawe saka kain bathik awujud pesagi, sing kalempit lan katata miturut ukuran mustaka kang nganggo. Wujud blangkon iku duwe teges nyawiji antarane pikiran kang lurus miturut tujuaning urip yaiku rong kalimat sahadat kang kudu raket.
Blangkon Solo


Blangkon Jogja


2. Setagen

                Setagen kuwi arupa piranti kanggo ngencengi utawa nyingseti supaya jarik tememplek ana ing badan, supaya ora mlorod lan udhar. Wernane setagen uga warna-warna, ana kang ireng, putih, lsp. Biasane setagen iki katutup karo sabuk lan ora ketok saka njaba. Ukuran setagen kuwi macem-macem. Biasane 2-4 Meter.  

Setagen


3. Beskap

    Beskap kuwi awujud jas, gulonne katutup nganggo kancing/benik ing sisih tengah. Dhadha lan sakmengisore katutup tangkepan mangiwa, miring mangisor. Kancing ing sisih kiwa ana telu. Ing sisih tengen dada dipasangi kancing/benik sing cacahe padha karo kancing/benik sisih kiwa. Ana Ing Solo ana uga aran Atela yaiku wujude jas tutup. Dadi saka gulon mangisor katutup kancing/benik. 

Beskap 


Atela 

 
4. Surjan

                Surjan karakit saka tembung yaiku tembung Suraksa - Janma (manungsa). Surjan miturut Dwarapura Sultan Palace tembung surjan iku asale saka tembung sira lan jan kang tegese pelita utawa sing gawe padhang. Menawa ing Surakarta ana beskap, ing Ngayogyakarta ana surjan. Bentuke ora padha, surjan digawe dening Sunan Kalijaga banjur digunakake nalika jaman Mataram.


Surjan

5. Kain Jarik / Sinjang
 
                Sinjangan utawa jarit yaiku arupa kain bathik kang dienggo kantgi diubedake ing awak nutupi dhadha sakmengisor, batese sikil dhuwur polok.  Sinjang utawa jarik saka kain bathik kang digawe saka kainj mori lan digambar kanthi dicetak utawa digambar nganggo malam. Ukuran jarik iki dawane kurang luwih 2 Meter lan ambane 1 Meter. Cara nganggone utawa paugeran ana Ing Keraton lan njaba Keraton beda.

1) Ana Ing Karaton

         Menawa menyang Keraton mbarengidhawuh menapa wae, tumrap sapa wae utawa abdi dalem kang kasebut Bupati sak mengisor, ora diparengake nganggo jarik kang sakrik lereng. Cakrik lereng tegese corak batik wujude garis miring diagonal 5 derajat mung dibatesi garis-garis. Ewadene kang kasebut Ria Inggil / Harya cakrikke Merdika.

2) Ing Njaba Keraton

        Jarik sing dienggo ing sakliyane Keraton kanggo sapa wae bebas, ora ana larangan. Kajaba jarik truntum dimligikake kanggo wong duwe gawe utawa mantu, jarik kasebut kaenggo dening para besan. Babagan jarik jaman mbiyen nalika jumenengipun Paku Buwana X, menawa keraton ana pisowanan para abdi dalem kudu nganggo jarik lan dodot


Batik Truntum


Batik Sidomukti


Batik Udan Liris


Batik Parang


Batik Sidoasih


Batik Kawung


Bedane Batik saka Surakarta lan Ngayogyakarta

Ing sisih kiwa Batik Ngayogyakarta lan sisih Tengen Batik Surakarta


6. Kebaya

Kebaya kang dawa iku adate digawe saka bludru utawa blenggen. Adate kebaya Surakarta diwenehi border warna emas, lan model kebaya kutu baru. Menawa dibandingke karo kebaya Ngayogyakarta, kebaya Surakarta iku luwih prasaja lan luwih katutup tinimbang kebaya Ngayogyakarta. Kebaya Ngayogyakarta hiasane luwih akeh tinimbang Surakarta lan luwih transparan kang jerone diwenehi kemben.

 
Kebaya Jogja
 
 
Kebaya Solo 

7. Keris

                Keris iku tosan aji kang paling penting ing jaman biyen. Keris minangka titikane kawibawane wong Jawa. Keris kang ana luk (keluk) iku nglambangke kawicaksanan. Keris kang lurus iku nggambarake teguhing prinsip. Kawicaksanan lan teguhing prinsip iku kudu imbang kang muarane yaiku Gusti kang Maha Kuaos kang linambang saka pucuking keris kang lancip. Warangka keris  Surakarta adate digawe saka kayu cendana wangi utawa cendana Sumbawa. Bentuke warangka  Surakarta meh padha karo warangka Yogyakarta, ananging warangka Surakarta ukurane luwih gedhe tinimbang Yogyakarta.

Keris Surakarta


Keris Ngayogyakarta

8. Sabuk, Epek, lan Timang

         Sabuk kuwi kain kang dienggo nutupi setagen. Dadi sakwise jarik diseingseti banjur disingsite maneh nganggo sabuk, supaya setagene ora ketok saka njaba. Dene Epek  awujud setut  kang kagawe saka kain bludru. Ambane sekitar 5 CM, dene dawane  antarane 120 – 150 CM.   Timang utawa gesper kang dienggo nyandhet epek.
               

Sabuk

Epek

Timang

Komentar

  1. Bagus kak, bisa dijadikan referensi untuk pembelajaran bahasa Jawa. Ditunggu postingan selanjutnya 👍

    BalasHapus
  2. Wah, mantap sekali. Jelas informasinya dan contoh gambarnya juga jelas..

    Ditunggu postingan selanjutnya yaa

    BalasHapus
    Balasan
    1. wah terimakasih kak, semoga bisa menambah wawasan

      Hapus
  3. Mungkin nanti bisa ditambahkan mbak, untuk penjelasan tiap gambarnya,

    BalasHapus
  4. Wah sangat menarik ya mbak. Berbeda daerah sudah berbeda pakaian yg dikenakan.

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya mbak terimakasih, semoga semakin menambah wawasan tentang busana adat Jawa :)

      Hapus
  5. Isi blog yang sangat bermanfaat, bisa mengenalkan busana adat jawa ke anak-anak muda jaman sekarang. Sukses selalu mbak. Salam kenal ya.

    BalasHapus
    Balasan
    1. wah.. terimakasih mbak. salam kenal juga ya

      Hapus
  6. terimakasih kak, sangat cocok untuk materi pembelajaran bahasa Jawa

    BalasHapus
    Balasan
    1. terimakasih kembali kak.. semoga bermanfaat

      Hapus
  7. Bagus untuk pembelajaran bahasa jawa kak

    BalasHapus
  8. terimakasih atas informasinya, sangat bermanfaat

    BalasHapus
  9. Tulisan yang menarik. Sangat dianjurkan dibaca oleh mahasiswa milenial. Betapa kompleks dan mendalam pakaian adat Jawa ini. Tulisan yang mengandung filosofis yang romantis. Terima kasih penulis. :)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Teriamakaih kembali kak. Semoga menambah pengetahuan dan wawasan 😊

      Hapus
  10. Terimakasih kak, sangat cocok untuk materi pembelajaran bahasa Jawa ^_^

    BalasHapus
  11. Makasih materinya, bisa digunakan sebagai bahan ajar.

    BalasHapus
  12. Terima kasih banyak atas materinya. Sangat bermanfaat dapat membantu proses belajar mengajar selama online ini

    BalasHapus

Posting Komentar