Postingan

Busana Adat Jawa

Gambar
BUSANA ADAT JAWA Tata busana iku minangka panging budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi, manunggaling pakarti lair lan batin. Nyandhang nganggo kudu diselarasake supaya bisa pantes. Ing Jawa ana aran Ajining Raga Gumantung Ana Ing Busana. Unen-unen kasebut nuduhake menawa bebrayan Jawa kang  awujud busana dadi lair batinne manungsa yaiku jati dhiri, drajading manungsa, lan ajine   gumantung karo busana kang dienggo. 1. Blangkon Blangkon utawa udheng kuwi lumrahe kagawe saka kain bathik awujud pesagi, sing kalempit lan katata miturut ukuran mustaka kang nganggo. Wujud blangkon iku duwe teges nyawiji antarane pikiran kang lurus miturut tujuaning urip yaiku rong kalimat sahadat kang kudu raket. Blangkon Solo Blangkon Jogja 2. Setagen                 Setagen kuwi arupa piranti kanggo ngencengi utawa nyingseti supaya jarik tememplek ana ing badan, supaya ora mlorod lan udhar. Wernane setagen uga warna-warna, ana kang ireng, puti